Wednesday 9 March 2011

HUTBAH IEDUL FITRI

Khutbah Idul Fitri 2010
اَللهُ اَكْبَرْ (×٧) اَللهُ اَكْبَرْ مَا هَبَّتْ نَسَائِمُ اْلاَفْرَاحِ بِالتَّهَانِى وَالسُّرُوْرِ, وَاَقْبَلَتْ بَشَائِرُ اْلا َعْيَادِ بِالتَّدَانِى وَاْلحُبُّوْرِ, وَتَعَطَّرَتِ اْلاَفْوَاهُ كَمَا يَنْبَغِى اَنْ يُحْمَدَ رَبُّنَا وَيُشْكَرَ. اَللهُ اَكْبَرْ, مَاسَجَعَتْ وُرْقُ اْلمُؤَذِّنِيْنَ فَوْقَ اْلمَنَائِرِ. وَغَرَّدَتْ بَلاَبِلُ اْلخُطَبَاءِ فَوْقَ اَعْوَادِ اْلمَنَابِرِ. وَنُشِرَتْ فِى هَذَا اْليَوْمِ اَعْلاَمُ التَّكْبِيْرِ وَالذِّكْرِ, وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ.
اَللهُ اَكْبَرْ, مَا تَزَيَّنَ الْمُسْلِمُوْنَ بِجَمِيْلِ الثِّيَابِ وَخَرَجُوا يَمْشُوْنَ اِلَى اْلمَسَاجِدِ وَالصَّحَارَى ذَاكِرِيْنَ اللهَ فِى الذَّهَابِ وَاْلاِيَابِ. فَهَنِيْئًا لِمَنْ بِاْلاِخْلاَصِ قَدْ تَعَطَّرَ. اَللهُ اَكْبَرْ, مَا جَهَرَ مُسْلِمٌ بِالتَّكْبِيْرِ مِنْ مَنْزِلِهِ اِلَى مُصَلاَّهُ, وَاسْتَمَرَّ يُكَبِّرُ حَتَّى قَدُمَ اْلاِمَامُ وَقَامَ اِلَى الصَّلاَةِ, فَنَوَى بِتَكْبِيْرَةِ اْلاِحْرَامِ وَقَالَ : اَللهُ اَكْبَرْ. اَللهُ اَكْبَرُ فِى مِثْلِ هَذَا الْيَوْمِ تَتَضَاعَفُ اْلاُجُوْرُ وَاْلحَسَنَاتُ, وَتَنْمُوْ بِهِ اْلخَيْرَاتُ وَاْلبَرَكَاتُ, وَيُسْتَزَادُ مِنْ اَلاَءِ اللهِ وَيُسْتَكْثَرُ. اَللهُ اَكْبَرْ (×٣).
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى مَدَّ لَنَا مَوَائِدَ اِحْسَانِهِ وَاِنْعَامِهِ, وَاَعَادَ عَلَيْنَا فِى هَذَا اْليَوْمِ عَوَائِدَ بَرِّهِ وَاِكْرَامِهِ, وَاَلْبَسْنَا مَلاَبِسَ اْلعِزِّ وَاْلاَفْخَرِ. اَحْمَدُهُ حَمْدَ مَنْ نَطَقَتِ اْلاَلْسُنُ بِشُكْرِهِ فِى اْلمَسَاءِ وَالصَّبَاحِ, وَتَرَنَّمَ بِهِ اْلعَبْدُ فِى كُلِّ غُدُوٍّ وَرَوَاحٍ, وَسَبَّحَ بِحَمْدِ رَبِّهِ وَاسْتَغْفَرَ.
وَاَشْهَدُ اَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ, اَلْمُشَفَّعِ فِى الْمَحْشَرِ, وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ بِمِلَّتِهِ اشْتَهَرَ. اَللهُ اَكْبَرْ (×٣).
عِبَادَ اللهِ, اِتَّقُوا اللهَ وَاعْلَمُوْا اَنَّ هَذَا يَوْمُ عِيْدٍ وَسُرُوْرٍ, وَاِعْتَاقٍ مِنَ النَّارِ وَاُجُوْرٍ.
Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah…
Langkung rumiyin kulo wasiyah dumateng pribadi kulo piyambak lan dateng kaum sedulur kulo muslim sedoyo. Monggo sami wedi dating ngarsanipun Allah kelawan wedi lan takwa ingkang saestu-estu. Sejatosipun kelawan ngamalaken sedoyo menopo ingkang dados dawuhipun Allah hiyo iku nindhaake perintah-perintahe lan ngedohi larangan-larangane utowo cecegahane. Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar.
Kaum Muslimin Muslimat Ingkang kulo mulyaaken…
Dinten niki dinten riyoyo Fitri utawi Idul Fitri. Fitri niku artosipun buko, minongko tandane wus rampung anggene nglampahi puasa ramadhan. Pancen hiyo mung kelawan pitulunge rahmate Allah. Anggon kito biso ngrampungaken kewajiban puasa kang kelebu rukun Islam kang werno limo. Saksuwene poso niku kito wus biso nyingkirake hawa nafsu kenging mangan ,ngombe lan liya liyane ,mulo kelawan tumibane ‘Idul Fitri iki kito ruoso olih kemenangan koyo dene prajurit kang lagi teko songko medan perang kelawan gowo kemenangan kang kilang gumilang, sa’temene yo pancen koyo mengkono, nglawan hawa nafsu iku dumunung sewijine jihad, sewijine perjuangan kang gede, Rosululloh saw naliko kondur songko peperangan nglawan musuh kaum kafir lan musyrikin ing medan perang, banjur ngendika:
"رَجَعْنَا مِنَ الْجِهَادِ اْلاَصْغَرِ اِلَى اْلجِهَادِ اْلاَكْبَرِ, جِهَادِ النَّفْسِ"
Artine: Kito kabeh pada bali songko jihad kang cilik (ngelawan mungsuh) perlu ngadepi deneng kanjeng Nabi saw dianggep jihad kang gedhe. Allohu Akbar, Allohu Akbar, Allohu Akbar.
Kaum muslimin yang berbahagia!
Akeh banget poro menungso kang ngakoni agama islam, nanging sholat ora nate ngelakoni, poso ya ora. Anehe yen ‘Idul Fitri wus teko, yo melu bungah-bungah, lan melu seneng-seneng, mencak-mencak lan liya-liyane. Rumangsane riyoyo iku mung perlu iku, ditambah mubadzirake bondo, umpamane nyumet mercon lan kembang api. Polah tingkahe menungso-menungso mau koyo-koyo poro pahlawan kang lagi mulih songko medan perang, nanging sa’temene rupane mungsuh wae ora weruh, opo maneh mateni lan natoni. Banget olehe ora duweni isin manungso-manungso koyo mangkono iku, ngakune pahlawan perang, nyatane mung pahlawan jajan lan jenang. Mongko opo hiyo mung kanggo seneng-seneng lan bungah-bungah, borosake lan mubadzirake bondo ono riyoyo iku? Ora iku tujuane, seneng-seneng keno, bungah-bungah oleh, nanging samejonone. Ono sawijine ulama islam, arane Abu Yazid, ngucap mangkene :
لَيْسَ اْلعِيْدُ لِمَنْ لَبِسَ اْلجَدِيْدَ, وَلاَ لِمَنْ اَكَلَ اْلقَدِيْدَ, وَلَكِنَّ اْلعِيْدُ لِمَنْ طَاعَتُهُ تَزِيْدُ, وَخَافَ اْلوَعِيْدَ.
Artine: “Dudu kok riyoyo iku kanggo wong kang nyandang anyar tur mangan dendeng enak, nanging riyoyo iku kangge wong kang ketaatane marang Alloh biso tambah lan wedi marang ancaman siksane.”
Dadi jelas yen wong kang naliko nyambut dino riyoyo mung kelawan seneng-seneng lan diantil-antili mubadzir, iku mung nuruti kekarepane howo nafsune lan yen dituruti terus, hawa nafsu iku ora enek enteke, ora ono akhire. Tambah suwe tambah dadi, koyo dene wong ngombe banyu segoro kang asin, tambah akeh olehe ngombe, tambah nemen ngelake. Imam Al Bushoiri ing dalem kitab Al Burdah, ngucapake syi’irane :
"وَالنَّفْسُ كَالطِّفْلِ اِنْ تُهْمِلْهُ شَبَّ عَلَى - حُبِّ الرَّضَاعِ وَاِنْ تَفْطِمْهُ يَنْفَطِمِ"
Artine : “Howo nafsu iku koyo bocah cilik, lamun siro tokake, mesti terus olehe seneng nyusu, nanging lamun siro sapih (dipedot) hiyo bakal kasapih (biso ditinggalake).” Rosululloh SAW ngendikaake yen wong kang seneng nuruti nafsune iku durung biso sempurno imane. Hadise hiyo iku :
لاَيُؤْمِنُ اَحَدُكُمْ حَتَّي يَكُوْنَ هَوَاهُ تَبَعًا لِمَا جِئْتُ بِهِ
Artine : “Ora sampurno imane salah sawijine siro kabeh, sahinggo howo nafsune gelem di anutake marang agomo kang ingsun (Nabi Muhammad) teka kelawan nggowo agomo iku (yakni islam).” Diriwayatake deneng Imam Bukhori. Dadi dudu agamane kang dianutake miturut kekarepane howo nafsune. Nanging howo nafsune kang kudu di rem, dipekak lan sarto dikendalikno sarto disetir dening agami Islam. Yen iki wus ditindakno lagi biso aran sampurno imane. Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar.
Kaum Muslimin Muslimat Ingkang Berbahagia.
Saben-saben wongkang anduweni cito-cito utowo niat kepingin gayuh sewijine perkoro kang nyebabake kepenak, mesti lan wajib wani ngadepi kesengsaran, kerupekan lan wajib tahan tur sabar. Kito kepingin ngrasaake legine duren, wajib wani keno erine kulit duren, kito kepingin ngrasa legine madune tawon, wajib wani dientup tawone. Kito kepingin teko kelawan gelis songko kene menyang mekkah, umpamane nunggang kapal mabur, hiyo wajib wani nanggung resikone, mbok menowo kapal mahu jeblok ing bumi jalaran ono kerusakane.
Ringkese kabeh kelapangan lan kesenengan kudu digoleki kelawan wani nandang sengsoro lan prihatin. Semono ugo dino riyaya iki, dino kang dirameake kelawan kabungahan lan kasenengan, bisane kedadehan mung kelawan anane wulan poso romadhon kang ing sakjerone sewulan muput terus-terus ngrasaake ngelak lang ngelih utawa weteng luwe. Mulo wong kang melu Riyoyo, emoh poso iku keno diarani gawe sakepenake dewe, ibarat gelem mangan nangkane emoh gopak pulute. Rekoso disik banjur bungah-bungah, iku ora mung menungso thok, cuboto rasa’no kahanane kupu, asale uler. Naliko deweke kepengin biso mebur dadi kupu, bebas mrono mrene, banjur deweke ngenthung, poso ora mangan lan ora ngombe, awake dilebokake guwo, yoiku enthunge, nganthi pirang-pirang dino. Akhire dadi kupu, biso ngambah gegono, mebur kelawan sentosa. Kang mengkene wajib dadi pepeling utowo tadzkiroh tumrap poro menungso kang biso migunaake akale. Mulo iku cocok banget opo kang didawuhake dening Allah Ta’ala :
فَإِنَّ مَعَ اْلعُسْرِ يُسْرًا ، إِنَّ مَعَ اْلعُسْرِ يُسْرًا (سورة الإنشراح: ٥-٦)
Artine : “Sa’temene sertone rekoso iku anane kepenak lan hiyo sa’temene sertone rekoso iku anane kepenak.” Allohu Akbar, Allohu Akbar, Allohu Akbar.
Poro kaum muslimin !
Naliko poso kito ngrasaake ngelih lan ngelak, kiro-kiro mung ing wektu poso thok kito ngrasaake mengkono mahu, yen ora poso mesti biso mangan nganti kuwaregen. Nanging yen kitho neliti kahanane poro kaum faqir miskin, sangsara banget penguripane, sedina mangan sedina ora, sandangane sowek-sowek ora ono gantine lan saben dinane mlaku turut dalan jaluk kawelasane wng liyo. Wong kang mengkene iki saben dino ngrasaake ngelak lan ngelih, saben dina atine tansah susah kerono durung karuan kang dipangan. Kadang-kadang ketambahan duweni anak yatim, sebab bapake wus ora ono utowo mati. Mulo iku sakwuse kitho ngrasaake sangsarane ora mangan lan ora ngombe sewulan muput, banjur mestine yo kudu thukul roso welas lan asih marang poro faqir miskin. Kerono iku agama islam banjur majibake ngetoake zakat fithrah lan yen ono sandangan kanng wus ora dienggo, becike dishodaqohake marang wong-wong kang kekurangan iku. Kelawan nindaake iki, kitho jenenge wus ngamalake perintahe Rosululloh saw hiyo iku :
أَغْنُوْهُمْ عَنِ السُّؤَالِ فِى هَذَا اْليَوْمِ .
Artine : “Poro faqir miskin iku cukupono (sandang pangane) supoyo ojo nganthi jejaluk ing dino riyoyo iki.”
Tegese ojo nganthi yen dino royoyo iku katon ono wong ngemis, sebab mesaake banget, wayahe wong akeh podo seneng-seneng, sambang-sinambang, ziaroh-ziarohan kelawan mangan jajan lan ngombe wedang, dumadaan isih ono sepirangan menungso kang kapekso jaluk-jaluk kanggo isine wetenge, mongko yen ditakoni agamane, wong ngemis mahu ngandaake, “agami kulo Islam”. Dadi yen mengkono wong iku isih sedulur kitho dewe tunggal agama. Opo ora terenyuh ati kitho. Mugo-mugo kitho diparingi sifat welas lan asih marang sepdo-podo makhluq ing bumi, supoyo kitho diasihi dening poro makhluq ono ing langit. Rosululloh saw dawuh :
اِرْحَمْ مَنْ فِى اْلأَرْضِ ، يَرْحَمْكَ مَنْ فِى السَّمَاءِ .
Artine : “Welasono siro marang kang ono ing bumi, siro mesti diwelasi kang ono ing langit.” Diriwayatake dening Imam At Thobroni saking shohabat Jarir ra. Allohu Akbar, Allohu Akbar, Allohu Akbar.
أَمَّنَنِيَ اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنْ سَطْوَةِ يَوْمِ اْلوَعْيِدِ , وَأَعَادَ عَلَيَّ وَعَلَيْكُمْ مِنْ بَرَكَةِ هَذَا اْلعِيْدِ السَّعِيْدِ. أَعُوْذُ باِللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ "وَاَنْفِقُوْا مِمَّا رَزَقْنَاكُمْ مِنْ قَبْلِ اَنْ يَأْتِيَ أَحَدَكُمُ اْلمَوْتُ فَيَقُوْلُ رَبِّ لَوْلاَ أَخَّرْتَنِى اِلَى أَجَلٍ قَرِيْبٍ , فَأَصَّدَّقَ وَأَكُنْ مِنَ الصَّالِحِيْنَ. وَلَنْ يُؤَخِّرَ اللهُ نَفْسًا إِذَا جَاءَ أَجَلُهَا , وَاللهُ خَبِيْرٌ بِمَا تَعْمَلُوْنَ" (سورة المنافقون : ۱۰-۱۱)
Artine : “Lan siro kabeh podo nanjakno songko rizqi kang wus ingsun paringake marang siro kabeh, sak durunge salah suwijine siro kabeh iku katekan pati, banjur matur : Duh pengeran kulo, mugi panjenengan paring wekdal sakedap kemawon kulo bade shodaqoh lan bade dados golonganipun tiyang sahe-sahe. Alloh ora bakal paring kelonggaran wektu marang wong lamun wus teka titi mangsane pati. Alloh iku Moho Waspodo marang opo wahe kang siro kabeh tindaake.”
بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ اْلعَظِيْمِ . عِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ, وَاَحُثُّكُمْ وَنَفْسِى عَلَى طَاعَةِ اللهِ وَرَسُوْلِهِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِى وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

No comments:

Post a Comment